PARIKAN BASA JAWA

 PARIKAN / PANTUN DALAM BAHASA JAWA



Parikan yaiku unen-unen sing dumadi saka, rong gatra (larik) utawa patang gatra. Menawa dumadi saka rong gatra, gatra sepisan iku awujud purwaka, gatra kaping pindho awujud isi (maksude). Manawa, dumadi saka patang gatra, gatra kapisanlan kapindho awujud purwaka, gatra kaping telu lan gatra kaping papat awujud isine. Parikan dalam bahasa Indonesia disebut pantun.

 Parikan merupakan salah satu bagian dalam kesenian ludruk. Dalam kesenian ludruk terdapat 3 jenis parikan yang ditampilkan sebelum pertunjukan ludruk dimulai. Jenis parikan yang pertama disebut lamba, yaitu parikan panjang berisi sebuah pesan, yang ke dua disebut kecrehan, yaitu parikan pendek berisi guyonan, candaan terhadap lawan main, dan terakhir disebut dangdutan, yaitu parikan berisi kisah lucu dan kocak.

Patokan atau ciri-ciri parikan antara lain;

  • Jumlah suku kata (wanda) dalam kalimat pertama, harus sama dengan kalimat kedua.
  • Kalimat pertama sebagai pembuka/ kalimat penarik, sedangkan kalimat ke dua merupakan isi.
  • Bunyi sajak/ persamaan bunyi kalimat pertama harus sama dengan kalimat ke dua (dalam puisi dikenal bersajak aa atau ab).
  • Parikan dapat terdiri dari 2 gatra (kalimat), dan dapat juga terdiri dari 4 gatra (kalimat).
Tuladha parikan 2 gatra:

"Manuk emprit mencok pager
Mulang murid, murih pinter"

"Wajik klethik gula jawa
Kalah dhisik, ora papa"

"Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja"

"Tawon madu ngisep sekar
Calon guru, kudu sabar"

"Kembang menur ditandur ing pinggir sumur
Yen wes makmur aja lali mring sedulur"


Tuladha parikan 4 gatra, yaiku:

"Gunung Mrapi gunung Merbabu
kali Praga agung banyune
Mangga sami greget sinau
ngangsu kawruh akeh gunane"

"Kali Srayu ngidul iline
kali Praga agung banyune
Ngangsu kawruh akeh gunane
tumrap bangsa aku Ian kowe"

"Surakarta prenahe wetan
Surabaya rame kuthane
Aja padha kesed-kesedan
lha yen kesed kapan pintere"

"Jangan kacang jangan kara
kladuk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha
aja wedi ing rekasa"

"Sega punar lawuh empal
segane penganten anyar
Dadi murid aja nakal
kudu ulah ati sabar"


Tugasmu sak iki gaweo parikan 2 gatra utawa 4 gatra temane parikan nasehat lan guyonan.

tulisen parikan sing wes mbok gawe ana ing komentar ngisor iki!

Komentar

  1. isuk - isuk panen timun, yen dolanan kudu rukun (Arsandi Aditya, 04/5A)

    BalasHapus
  2. "Ngasah arit,ngganti landhep
    Dadi murid kudu sregep"
    (Jesslyn aurelia 31/5a)

    BalasHapus
  3. "Manuk tuhu mencok pager,
    yen sinau mesti pinter
    "Gatot koco mangan gombong,
    yen kekancan ojo mung domblong
    (Revy M.S/5A/26)

    BalasHapus
  4. Mangan jenang sambi tolah-toleh
    Dadio wong lanang ingkang sholeh
    (Muhammad Iqbal A)

    BalasHapus
  5. Manuk emprit, menclok godhong tebu

    Dadi murid, sing sregep sinau.
    (Pandu Natha Prawira/5/21)

    BalasHapus
  6. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  7. Ning gunug tuku duku
    Duku siji di ndum wong lima
    Dadi bocah kudu sregep sinau
    Uga bhekti marang wong tua
    [ Ihsan S.K.|15|VA]

    BalasHapus
  8. Masak kolak isi waluh
    Waluh saka alas tuwo
    Dadi bocah ojo lumuh
    Ayo komco ngewangi wong tuo

    (Fahnaz Raissa P.|11|5A)

    BalasHapus
  9. "wajik kletik gula jawa
    Kalah dhisek,ora apa"
    " Tawon madu ngisep sekar
    Calon guru, kudu sabar"

    "Kembang menur ditandur ing
    Pinggir sumur.
    Yen wes makmur aja lali mri
    ng sedulur.
    "Semarang kaline banjir.
    Aja sumelang ora dipikir"
    ( Denis aji samudra /09/5A )

    BalasHapus
  10. Wedang bubuk gula tebu
    Mata ngantuk njaluk guru
    (Allia Dea Ramadhani
    5A /02)

    BalasHapus
  11. Wedang bubuk gula tebu
    Mata ngantuk njaluk turu
    ( Allia Dea Ramadhani )
    ( 5a/02 )

    BalasHapus
  12. Wajik klethik gula jawa,Luwih becik sing prasaja (Kadita Puan.A.W-16/5A)

    BalasHapus
  13. Sego punar lawuh empal
    Segane penganten anyar
    Dadi murid aja nakal
    Kudu ulah ati sabar
    ( Reno Darell Bautista 5A/25)

    BalasHapus
  14. Nang toko buah tuku duku
    Cah sekolah kudu sregep sinau

    BalasHapus
  15. Nang toko buah tuku duku
    Cah sekolah kudu sregep sinau
    (Nathania FN /5A/19)

    BalasHapus
  16. Ngasah arit nganti landhep
    Dadi murid kudu sregep

    BalasHapus
  17. menyang sawah arep macul
    nyambut gawe kang becik
    yen pengin pendidikan unggul
    wenehono sarana sing apik

    Aulia Syafa M. 06

    BalasHapus
  18. Manyang pasar nitih sekuter
    Nitih sekuter kena paku
    Yen arep dadi bocah pinter
    Mula pada sregep sinau
    (Queentania M.W/24/5A)

    BalasHapus
  19. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  20. Wedang bubuk gulo jawa
    Yen kepethuk ati lego
    Tarangga YH 5A/29

    BalasHapus
  21. Nguras Kolah Luntur Klambine
    Warnane Ambyar Ambyar Katon Asline
    Yen Pengin Sekolah SDN Guntur Pilahe
    Gurune Sabar Sabar Katon Prestasine
    Sotya Sinara Wadi, 5A, 28

    BalasHapus
  22. Nguras Kolah Luntur Klambine
    Warnane Ambyar Ambyar Katon Asline
    Yen Pengin Sekolah SDN Guntur Pilihane
    Gurune Sabar Sabar Katon Prestasine

    BalasHapus
  23. Nguras Kolah Luntur Klambine
    Warnane Ambyar Ambyar Katon Asline
    Yen Pengin Sekolah SDN Guntur Pilihane
    Gurune Sabar Sabar Katon Prestasine
    Sotya Sinara Wadi, Kelas 5A, No 28

    BalasHapus
  24. Nang Malang ono batu
    Nek ra disayang ojo nesu

    Mlaku-mlaku neng pasar nongo
    Dadi bocah ojo plonga plongo
    (Satria Widigda Yuwono/5A/27)

    BalasHapus
  25. Sepatu kulit digawa ing prau
    Dadi murid kudu sregep Sinau
    Finieta 5A/13

    BalasHapus
  26. Kembang mawar kembang melati
    Bocah bocah lek dolanan seng ati ati
    Auerella isadora (5a) 07

    BalasHapus
  27. Iwak pitik gurih rasane
    Wong becik akeh koncone

    Ngasah arit nganti landhep
    Dadi murid kudu sregep
    [ Bagaskara Dwi Perkasa]

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEMA 2 SUBTEMA 1 IPA (SISTEM PERNAPASAN MANUSIA)

KELAS 5 BAB 5 SISTEM PENCERNAAN

MATERI KELAS 5 TEMA 3 MAKANAN SEHAT