BAHASA JAWA KELAS 5 WULANGAN 2
PAWARTA
Pawarta iku kedadean kang nyata. Kita bisa oleh pawarta saka ngrungokake utawa maca saka sumber kang tanggung jawab. Kajaba saka maca lan ngrungokake, pawarta uga bisa wujud prastawa kang kita alami dhewe. Yen kita maca, ngrungokake utawa ngandharake pawarta paling ora kudu bisa mangsuli pitakon-pitakon, kayata:
Pawarta yaiku andharan marang liyan ngenani kedadean kang nyata.
Pawarta kanggone wong yaiku andharan ngenani kedadean utawa andharane manungsa kang perlu diweruhi.
Pawarta kanggone layang kabar mujudake andharan, katrangan, utawa njlentrehan kang dibutuhke masyarakat.
Kabutuhane manungsa bab warta mesthine beda-beda, mulane ana layang kabar werna-werna, kayata:
Kalawarti : warta/kabar kang diterbitake kala-kala/ ora saben dina, minggon, sasen, lan sapanunggalane.
Contone kalawarti:
Jaya Baya
Panjebar Semangat
Jemparing
Mekar Sari
Joko Lodhang
lan sapanunggalane.
Ariwarti : warta/kabar kang diterbitake saben dina.
Jinise pawarta
Adhedhasar isine : pawarta bab pendhidhikan, agama, politik, kewarasan, ekonomi, hiburan, lingkungan, hukum, tetanen, olahraga, lan sapanunggalane.
Adhedhasar sumbere:
fakta, pawarta saka kedadean langsung/ nyata.
opini, pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadean
campuran antarane kedadean lan panemune nara sumber kang ahli ing bab kedadean kasebut.
Adhedhasar bobote fakta:
pawarta fakta/ kedadeane pancen bener ana.
pawarta ditambah andharan bab kedadeane.
pawarta opini, awujud andharane wartawan.
pawarta apus-apusan.
Adhedhasar sumebare pawarta/ wilayahe:
Lokal (wilayah kabupaten/ kota)
Regional (wilayah provinsi)
Nasional (negara)
Internasional (donya)
SUGENG MAOS . . . .
Komentar
Posting Komentar