KELAS 5 BAHASA JAWA WULANGAN 2
GLADHEN 2
Ana ing gladhen 2 iki awakmu bakal sinau pekara lanjutane Pawarta.
Tujuane pokok yaiku awakmu isa maca teks pawarta kanthi lancar, isa nyeritakake isine berita kanthi jelas, lan isa nyalin teks wacan pawarta dadi basa ngoko lugu lan krama lugu.
SAK DURUNGE SINAU AYO MOCO DONGO DISIK SUPAYA DIWENEHI KELANCARAN LAN KESELAMETAN ANGGONE SINAU!
Seperti biasanya sebelum mempelajari materi silahkan catat soal di bawah ini di buku tulismu dan jawablah dengan mencari jawabannya pada bacaan di bawah!
1. Artine pawarta yaiku . . . .
2. Andharan yaiku . . .
3. Kanggo mahami isine pawarta kanthi jelas awakmu kudu ngerti tembung pitakon. Coba sebutake tembung pitakon lima wae?
4. Adhedhasar bahasa Indonesiane yaiku . . .
5. Adhedasar sumbere pawarta ana 3 yaiku . . .
6. Adhedhasar isine pawarta ana akeh coba sebutake 5 adhedhasare pawarta!. . .
7. Adhedhasar sumebare pawarta ana 4 yaiku . . .
8. Perangan sing kudu digatekake nalika maca pawarta yaiku . . .
9. Lagu ukara tegese . . .
10. Sebutake 4 tanda baca! . . .
Ndudah Teks Pawarta Bebarengan
Basa Indonesiane pawarta yaiku berita.
Pawarta yaiku andharan marang liyan ngenani kedadean kang nyata.
Adhedhasar isine pawarta ana bab pekara:
a. pendhidhikan
b. agama
c. politik
d. kesehatan/kewarasan
e. ekonomi
f. olahraga
g. pertanian
f. hukum
h. lan sakpanunggalane.
Adhedhasar sumbere pawarta ana 3 yaiku:
1. fakta, pawarta saka kedadean langsung/ nyata.
2. opini, pawarta kang wujud andharane wong kang ngalami sawijine kedadean
3. campuran antarane kedadean lan panemune nara sumber kang ahli ing bab kedadean kasebut.
Adhedhasar sumebare pawarta/ wilayahe:
1. Lokal (wilayah kabupaten/ kota)
2. Regional (wilayah provinsi)
3. Nasional (negara)
4. Internasional (donya)
Supaya jelas dan gamblang anggone maca pawarta kudu nggatekake bab
(1) pocopapan/lafal tegese yaiku lafale utawa cara ngucapake unine ukara
(2) lagu ukara tegese intonasine anggone maca
(3) solah bawa tegese polahe utawa sikape anggone maca
Cara maca pawarta kang cetha lan jelas pocopane/lafale kudhu jelas antarane unine huruf vocal. Lagu ukarane utawa intonasine uga kudhu pas kudhu nggatekake tanda bacane mulai saka tanda titik (.), tanda koma (,), tanda seru (!), lan tanda pitakon (?). Sakliyane iku uga kudhu nggatekake solah bawane yaiku sikape anggone maca pawarta kudhu madep mangarep ora oleh dingkluk.
Supaya iso ngerteni isine pawarta kanthi jelas biasane nggunakake ukara pitakon kan soko tembung pitakon apa, sapa, ing ngendi, kapan, lan kepriye.
Supaya luweh jelas ayo coba latihan!
Jurnalis: Erlina
1. Apa kang dirembug ing pawarta kasebut?
Jawaban: penetapane kebudayaan nasional papat barang lan kemempengan Asil Yogyakarta
2. Sapa kang aweh andharan marang bab kang dirembug?
Jawaban: Erlina
3. Ing endi kedadeane pawarta kasebut?
Jawaban: Kutho Yogyakarta
4. Apa kabudayan seng ditetepake dadi warisan budaya?
Jawab: Kapapat warisan budaya kuwi diantarane tapa bisu Mubeng Beteng, Masakan Gudeg, Omah Joglo lan Saparan Bekakak.
Sinau Basa Ngoko Lugu lan Krama Lugu
Basa ngoko lugu digunakake marang wongkang umure luwih tua marang wong kang umure luwih enom. Basa ngoko lugu uga dinggo basa marang kancha akrab.
Tuladha :
Basa krama lugu digunakake wong enom marang wong kang luwih tuwo, uga digunakake nalikane anyaran kenalan marang wong liya.
Tuladha:
Sak iki awakmu uga iso takon marang bapak lan ibumu supaya luwih lancar anggone basa krama lugu.
Sing Semangat Anggone Sinau!!
Ojo lali anggone ibadah lan ngabekti marang wongtua!!
Komentar
Posting Komentar