BAHASA JAWA PASINAON 3 GLADEN 2
HALO PELAJAR SING BUDIMAN
KEPRIYE KABARE?
AYO SAK IKI SINAU BASA JAWA
SAK IKI WAYAHE SINAU PARAGRAP
Apa ya tegese paragrap?
Paragrap yaiku peranganing pira-pira wacana kang ngamot siji pikiran pokok/utama lan bisa dibarengi karo tembung-tembung panerang.
Jenise paragrap ana akeh, kayata paragrap dedhuksi, Indhuksi, lan campuran
Paragrap dheduksi, yaiku paragrap kang idhe pokoke manggon ing ukara lekasan (wiwitan). Dene ukara-ukara liyane minangka ukara panerang.
Tuladha:
Bima lunga menyang Surabaya. Wis suwe Bima pengin menyang Surabaya. Ibune janji yen bijine apik arep dijak menyang Surabaya. Unggah-unggahan kelas lima iki Bima juwara loro ing kelase.
Paragrap ing dhuwur idhe pokoke yaiku "Bima menyang Surabaya"
Paragrap indhuksi, yaiku paragrap kang idhe pokoke manggon ing ukara pungkasane paragrap. Dene ukara-ukara liyane minangka ukara panerang.
Tuladha:
Ing Surabaya Bima nginep telung dina. Bima rumangsa seneng karo sedulur misanane. Dina kang katelu Bima dijak rujakan karo budhene. Surti nyepakake kates lan nanas. Budhene nyepakake bumbon. Bima diutus budhene tuku gula ing toko cedhak omah.
Paragrap ing dhuwur idhe pokoke yaiku "Bima tuku gula"
Paragrap campuran, yaiku paragrap kang idhe pokoke ora katulis kanthi terang-terangan (tersirat).
Tuladha:
Bima nginep telung dina ing Surabaya. Atine rumangsa marem. Kepenginane wis keturutan. Saben sore Bima mlaku-mlaku. Bima seneng ndeleng keramean ing kana. Kabeh kang dialami dicathet ing bukune, minangka kenang-kenangan.

Komentar
Posting Komentar