BASA JAWA
Kota Madiun, Rabu, 02 September 2020
Halo pelajar engkang budiman . . .
Sakniki wancinipun sinau basa Jawa . . .
Sakdurunge sinau basa Jawa coba tulisen pitakonan ing ngisor iki banjur wangsulana karo maca wacanan materi ing ngisor!
1. Ukara lamba yaiku . . .
2. Ana ukara lamba jejere ana pira . . .
3. Ana ukara lamba wasesane ana pira . . .
4. Jejer yaiku . . .
5. Wasesa yaiku . . .
6. Ukara camboran yaiku . . .
Ukara Lamba
Ukara lamba yaiku ukara utawa kalimat kang gagasane mung siji kang dumadi saka J (jejer) lan W (wasesa)
Ukara lamba duweni jejer lan wasesa mung siji
Apa ta sing diarani jejer?
Jejer yaiku barang kang nglakoni penggawean utawa ing bahasa Indonesia diarani subjek.
Wasesa yaiku penggawean kang dilakoni utawa ing bahasa Indonesia diarani predikat.
Lesan yaiku barang kang dikeneki penggawean utawa ing bahasa Indonesia diarani objek.
Keterangan yaiku wedaran utawa penjelasan saka kedadean isa keterangan wektu, panggonan, lan liya-liyane.
Tuladhane ukara lamba yaiku:
Bapak maos koran
Jejer Wasesa Lesan
Ibu tumbas rasukan ing pasar
Jejer wasesa lesan katrangan
Ukara Camboran
Ukara camboran yaiku ukara utawa kalimat kang gagasane luwih saka siji.
Ukara camboran duweni jejer lan wasesa luweh saka siji.
Tuladhane yaiku:
Nalika Simbah Rawuh , aku lagi sinau
Jejer Wasesa jejer wasesa
Bapak maos koran, Dene ibu lagi masak
Jejer Wasesa Lesan Jejer Wasesa
Mangkono pasinaon basa Jawa dina iki.
Matur suwun uwes mampir ana ing blog ku iki
Sing semangat anggone sinau ya!
Lan aja lali sugeh eling marang Gusti Allah dongaake bapa lan biyungmu!
Komentar
Posting Komentar